Lirik Lagu Stasiun Kutoarjo 2
Wus genep ono rong mbodho,
duh kangmas
Tanpo peparing pawarto
Opo pancen uwis lali,
Marang aku, wong kang mbok tresnani
Tak rewangi utang duwit, ning
tonggo
Kanggo sangu kangmas lungo
Banjur kapan bakal bali,
Aku tansah, sabar hangenteni
Reff :
Senadyan rambutku malih dadi putih,
Percoyo o tresnaku ra bakal malih
Pindho watu karang ning pinggir segoro
Nora gugur keno banyu sabendino
Ora gampang urip dewe ono
ndeso,
Sabendino mung krungu cature
konco
Mergo aku, amung urip
dewekan
Podo kondo aku iki prawan tuwo
Mbok kangmas enggal konduro, ning ndeso
Kumpul bareng keluargo
Nganti mati ndak enteni,
Nggonku mapak, ing Stasiun
Kutoarjo
Posted on 24 Oktober 2012, in JAWA and tagged iirik lagu stasiun kutoarjo 2, lirik lagu campursari stasiun kutoarjo 2, stasiun kutoarjo 2 lirik. Bookmark the permalink. Tinggalkan komentar.
Tinggalkan komentar
Comments 0