Lirik Lagu Langgam Jawa PAMITAN
Bowo:
Lilanana pamit mulih
Kawula nilarke ndika
Pinesthi dede jodhone
Nadyan abot jroning rasa
Nanging badhe menapa
Sumedhot sajroning kalbu
Kawula amung sadrema
Langgam:
Lilanana pamit mulih
Pesthi kula yen dede jodhone
Mugi enggal antuk sulih
Wong kang bisa ngladeni slirane
Pancen abot jroning ati
Ninggal ndika wong sing tak tresnani
Nanging badhe kados pundi
Yen kawula sadrema nglampahi
Mung semene atur puji karya raharja
Sak pungkure aja lali asring kirim warta
Eman-eman benjang ndika
Yen ta nganti digawe kuciwa
Batin kula mboten lila
Yen ta nganti mung disiya-siya
Posted on 27 Juni 2013, in JAWA and tagged langgam pamitan, lirik lagu campursari pamitan, lirik lagu langgam pamitan, lirik lagu pamitan, lirik pamitan. Bookmark the permalink. 1 Komentar.
Trim atas lriknya đŸ˜‰