Arsip Blog

Lirik Lagu Raja Goda (Langgam)

Sopo sing mandeng, mengko bakale melu
Sing dijawil mengko, bakale kinthil
Jaran goyang ngedan koyo, jaran kepang
Semar mesem, ngengleng koyo
semar mendem

Rojo goda, iku kang dadi arane
Ndunyo prasasat ora ono, tandhinge
Ngumbar roso nggasak kene, nggasak kono
Pethuk kenyo, ganti crito ganti slogo

Rojo goda, lagi ketaman asmoro
Karo kenyo, sing ra tedhas jopo montro
Rojo goda, kesandhung dewi asmoro
Dewi tresno, senenge mung bondho dunyo

Rojo goda, saiki ilang irunge
Dewi tresno lungo karo, sajak ngece,
Ono krete malangkerek, nantang bajul
Wekasane, dheleg-dheleg ngekep dengkul

Untuk menemukan lirik lagu yang kamu kehendaki dengan cepat, silahkan kamu klick tombol pencarian lirik dibawah ini!

PENCARIAN LIRIK